Kartiniku

Kartiniku

Udan...angin...

Hawa saya gawe kinkin

Angin...udan...

Pikir ngambra-ngambra saratan-saratan

Kartiniku kang wus lampus

Ninggal sedhih kang durung bisa pupus

 

Kartiniku nora jarikan

Kartiniku uga nora tau sanggulan

Naging labuh labete

Ngungkuli pejuang ing jamane

 

Kartiniku pancen dudu kenya ayu

Kartiniku wanita kang lugu

Nantang manting mrih raharjaning kaluwarga

Kartiniku...Ibuku kang wus ora ana

 

 

 

Penulis

Fahmi Nurul Ulya, S.Pd

Guru Bahasa Jawa SMP Negeri 1 Salatiga

GALLERY

Humas SMP Negeri 1 Salatiga

-